Selasa, 08 November 2011

Pidato Perpisahan Bahasa Jawa


PEPISAHAN


Assalamu'alaikum, Wr. Wb.
Karaharjan, katentreman, karahayon miwah kamulyan mugi tansah tinampiya ing sasami.
Bapak Kepala Sekolah ingkang dahat kula kurmati.
Bapak Ibu Guru ingkang dahat kinurmatan.
Rencang saha adik-adik ingkang kula tresnani.
Saderengipun kula ngaturaken wosing gati, sumangga kula dherekaken ngonjukaken raos syukur dhumateng Gusti ingkang akarya jagad. Inggih karana asih saha wilasanipun ndadosaken kula saha panjenengan sedaya saged makempal sesarengan kanti boten wonten alangan satunggal punapa.
Sedaya ingkang sampun kepareng lenggah, wosing gati ingkang badhe kula aturaken punika kirang langkung. Kula minangka wakilipun siswa kelas 3, ngaturaken agunging panuwun ingkang tanpa upami awit keikhlasan saha sih katresnan Bapak Ibu Guru anggenipun nggulawentah dhumateng para siswa. Mahanani saged ngrampungaken kuwajibanipun ingkang sampun kalampahan sadangunipun 3 tahun. Boten kantun ugi kula sarencang nyuwun pangapunten ingkang agung menawi wonten kalepatan.
Bapak Ibu Guru tuwin adik-adik ingkang satuhu kula kurmati saha kula tresnani. Sedaya ingkang kula aturaken wonten ing ngajeng saged kapundhut dudutanipun kirang langkung makaten. Kula sarencang namung tansah nyuwun tambahing donga pangestu saking Bapak Ibu Guru saha adik-adik. Sageda pikantuk pawiyatan luhur kagem ngangsu kawruh ngelmu ingkang langkung inggil. Ingkang boten nglajengaken, sageda pikantuk pedamelan ingkang sae.
Sedaya ingkang sampun kepareng rawuh, kula kinten cekap semanten atur kula, tartamtu tasih kathah lepat saha kekiranganipun. Karana kula ngrumaosi tasih kirang aruming bausastra saha kirang pinter anggen kula angrakit basa. Sewu agenging kalepatan kula nyuwun agunging samodra pangaksami, ing wasana nuwun.
Wassalamu'alaikum, Wr. Wb.

Tidak ada komentar: