Kamis, 27 Oktober 2011

PASRAH TEMANTEN KAKUNG



Assalamu'alaikum Wr. Wb.
Dhumateng panjenenganipun Bp. Hadi Sumarto ingkang ngemban wajib luhur wonten madyaning pawiwahan ingkang pantes sinudarsana.
Nun inggih !
Kula minangka sulih sarira saking Bp. Rusli saking Gresik saderengipun kula matur menggah wosing gati, wonten ngarsa panjenengan, langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti Ingkang Maha Agung, inggih awit saking panjenengan kula tansah dipun keparengaken kempal manunggal saperlu hanetepi darmaning agesang wonten madyaning bebrayan ing kalenggahan punika kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambikala. Wondhene wosing gati perlu kula aturaken wonten ngarsa panjenengan.
Nun inggih !
Awit saking kula piniji minangka dhuta saraya, chundaka kinen hanglarapaken miwah nyowanaken putra temanten kakung inggih sekar cepaka mulya sasele, karana putra temanten kakung Nopiadi sampun samekta badhe netepi upacara panggih, ingkang punika sumangga sekar cepaka mulya sasele inggih temanten kakung, kula aturaken dhumateng panjenengan Bapak Hadi Sumarto bebasan sawergung asirah janma mangsa borong kaleksananning sedya.
Amung hambok bilih sowan kula sakadang temanten kakung, wonten kirang susilaning akrama miwah kirang suba sita saha tuna dungkaping basa kula ingkang mboten hanuju prana, kula hanglenggana. Kula kawula sawantah ingkang boten kalis saking kalepatan, mugi panjenenganipun Bapak Hadi Sumarto kersoa paring agenging samodra pangaksami.
Ing wasana rahayuning sedya kaleksananing panggayuh kula ndherek asesanti Jaya - Jaya, wijayanti rahayu ingkang sami tinemu.
Nuwun
Wassalamu'alaikum Wr. Wb.

Tidak ada komentar: